Halaman

Senin, 19 Maret 2012

ROSO TRESNO Yen ati iki lagi nandyang tresno ora ono sing biso nambani yen ora ketemu karo sing dadi kembange ati yo mung biso gawe unen unen kanggo roso tresno sing wes gumantil ono sak jruning jiwo lan kaiket jruning dodo.ono unen unen kang biso di dadekne tetenger yen “witeng tresno kuwi jalarane songko kulino” .pancen kuwi bisa kasunyatan opo anane sing dadi unen unen kwi mau..pancen manungso urip kuwi kudu duweni sing di arane roso tresno kuwi mau , yo roso tresno marang wong tuwo roso tresno marang anak iso ugo roso tresno marang wong lio. Manise lambe iseh biso di gawe ananging tekonene roso ora bakal biso di aling-alingi, ora bakal biso di pekso-pekso,mergo roso lahir soko manah sing ono sak jruning dodo,ono netro katon cetho yen lelamunake sing dadi kusumaning ati sak polah lan tingkahe karoso tansah ngegodo dadeake panglipur jruning manah kang lagi nandyang loro bronto dudu dulur dudu konco lan dudu wong tuo nanging karoso cedak lan ora biso muspro mergo wes maton jruning dodo.kairing wektu sing wes lumaku aku tansah tinunggu lan nagih opo sing dadi janjimu Roso tresno sing wes maton jruning dodo abot sanggane yen nganti di sulayani mergo roso ora bakal biso sirno mergo roso tinukul seko jiwo mergo roso sing biso nekakne tresno sing tulus lan ora suloyo.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar